Kamis, 20 Desember 2012

API

Api utawa geni dulur pasti butuhno.......iyo too ?
Gae nyumet rokok, bakar jagung,sate wis macem-
macem.Nek geni mau sak perlune iku gawa man  -
faat alias sangat dibutuhno sopo ae.
Tapi nek kebablasan alias api mau gede barek gak-
isok di kendalikan wah bahaya temen.
Kabeh isok di entekno dadi areng.......eh apes temen.
Mangkakno sing ati-ati dulur barek api/geni iku.

OPO SEE SAL-MUASALE API  ?

Api/geni mono asale tekok telung (3) perkara utawa-
tiga unsur,yoiku  :

I. Panas 
   Isok tekok panase gesekan barang sing keras,isok-
   tekok panase barang /alat sing gunakno listrik.
   Wis pokoke kondisi panas dik endi ae iku isok ga-
   rai geni/api utawa kobong.
   Contone :- Wong nyelep/grenda panas metu genine.
                   - Setriko lali panas yo iso kobong.

II. Udara (oksigen/O2)
     Asale api/geni mono perlu udara (oksigen), dadi
     nek gak onok udara/oksigen gak bakalan api/ge-
    ni mau isok urip.
    Contone :
                   -Nyumet lilin maringono tutupen gelas-
                     dikurepno lilin mesti mati.

III. Bahan/barang.
      Bahan utawa barang sing gampang dadi geni/api,
      Contone : Bensin,bahan bakar opoae,
                       kertas,karet,plastik,kayu lan liyone.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar